Cangkriman 1.) Bapak pucung cangkemu marep mandhuwur, Sabane ing sendhang, pencokane lambung kering, Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya. Batangane: 2.)Surles
Pertanyaan
1.) Bapak pucung cangkemu marep mandhuwur, Sabane ing sendhang, pencokane lambung kering, Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya. Batangane:
2.)Surles panen. Batangane:
3.)Tuwan sinyo. Batangane:
4.)Rasane padha karo jenenge. Batangane:
5.)Sawah rong kedhok galengane mung sitok. Batangane:
6.)Dijupuki malah dadi mundhak gedhe.Batangane :
7.)Gajah ngidak endhog ora pecah. Batangane :
#ditunggusecepatnya#jgnasal#poinbesar#b.jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban vanhoughen93p06m60
- Klenthing
- Susur teles pepenen
- Untune kedawan, gusi menyonyo
- Sepet (sabut kelapa)
- Godong gedhang
- Wong kang nduduki lowongan
- Sing pecah endhoge, gudu gajah e
Pembahasan
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen - unen kang kudu dibatang / dibedhek. Mula ana sing ngarani cangkriman iku batangan utawa bedhekan.
Geneya kudu dibatang? Amarga tetembungan mau duweni teges ora salugune.
Gunane cangkriman:
- Kanggo hiburan
- Kanggo piwulang
- Kanggo panyengkuyung pentas
- Kanggo gegojekan
Jinising cangkriman:
- Cangkriman wancahan
Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang awujud wewancahaning tembung - tembung. Wancah tegese cekak lan wancahan tegese cekakan. Cangkriman wancahan lumrahe dijupuk saka wanda mburi dewe.
Tuladha:
- Burnas kopen : Bubur panas kokopen
- Tuwok rawan: Untu krowak larane ora karuan
- Pak bomba, pak lawa, pak piyut : Tapak kebo amba, Tapak ula dawa, tapak sapi ciyut
- Cangkriman pepindhan
Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kan ngemu teges pepindhan utawa memper (irib - iriban) Pindha tegese kaya, kadi, kadya.
Tuladha:
- Ana bocah nggendhong omah. Batangane siput.
- Pitik walik saba meja. Batangane sulak.
- Sega sakepel dirubung tinggi. Batangane salak.
- Cangkriman blenderan
Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang awujud plesetan.
Tuladha:
- Wong bakul klapa dikepruki. Sing dikepruki klapa dudu bakule.
- Wong udunen iku sugih pari. Tembung pari tegese paringisan,
- Tulisane Arab, macane saka ngendi? Batangane saka alas.
- Cangkriman tembang
Cangkriman tembang yaiku cangkriman kang sinawung in tembang. Jinising tembang bisa tembang pocung, tembang kinanthi, tembang pangkur, lan tembang asmaradhana.
Tuladha:Bapak pocung, wujud sira karo gembung
Ditata ing kotak
Barang mati mbebayani,
Nyrudhug tembok si Pocung dadi dahana
Barang sing dikarepake si Pocung yaiku penthol korek
Pelajari lebih lanjut
- Materi tentang contoh tembang pocung https://brainly.co.id/tugas/1738350
- Materi tentang 10 contoh cangkriman https://brainly.co.id/tugas/4774596
- Materi tentang pengertian cangkriman https://brainly.co.id/tugas/21129905
----------------------------------------------------------------
Detail jawaban
Kelas: SD
Mapel: Basa Jawa
Bab: Tembang Cangkriman
Kode: -
#AyoBelajar